B. Daerah

Pertanyaan

Piwulang saka tembang kinanthi pada 1

1 Jawaban

  • Piwulang Macapat
    Macapat kaperang dadi 11 tembang yaiku pocung, Gambuh, Sinom, Mijil, Dhandang Gula, Asmarandhana, Megatruh, Kinanthi, Durma, Pangkur lan Maskumambang. Kabeh nduweni sipat kang beda-beda.

    1. Maskumambang :

    Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.

    2. Mijil :

    ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

    3. Kinanthi

    saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

    4. Sinom

    tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

    5. Asmaradana

    tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.

    6. Gambuh

    saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

    7. Dandanggula

    Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

    8. Durma

    Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapadha – padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

    9. Pangkur

    Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha – padha.

    10.Megatruh

    Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

    11.Pocung / Pucung

    Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

    Sumangga para kadang sutrisna Budaya Jawa, tinimbang nglamun ora ana paedhahe banjur mikir sing ora-ora, sing kepenak ura-ura sinambi mangan tela, dasare omahe ndesa, bisa kanggo cegah meleke mata, lan cegah wong sing arep nggawe ala.

Pertanyaan Lainnya