B. Daerah

Pertanyaan

sing diarani ater ater tripursa yaiku.....

1 Jawaban

  • Ater-ater yaiku tambahan kang ana ing ngarepe tembung. Ater-ater tripurusa kudu digandheng karo tembung lingga (tembung kang durung owah saka asale).


    Ater-ater tripurusa cacahe ana 3 yaiku:


    1.    dak-

    Yaiku Ater-ater tripurusa kanggo nuduhake kang dimaksud yaiku wong kang pertama (awake dhewe).

    Tuladha : buku iku mengko dakgawa dhewe

                Dakgawa kedadeyan saka dak + gawa


    2.    ko- 

    yaiku Ater-ater tripurusa kanggo nuduhake kang dimaksud yaiku wong kang kapindo (2) (wong kang diajak ngomong).

    Tuladha : buku crita iki wis nate kokwaca apa durung?

               Kokwaca kedadeyan saka kok + waca


    3.    di-

    yaiku Ater-ater tripurusa kanggo nuduhake kang dimaksud yaiku wong kang katelu/3 (wong kang diomongake)

    tuladha : kowe aja gelem diajak maling Arif.

      diajak kedadeyan saka di + ajak

Pertanyaan Lainnya